Swarawidyaning Basa Mandharin
Swarawidyaning basa Mandharin iki gunane kanggo amuruki kita apa wae aksara wyañjana lan aksara swara ing basa Mandharin lan kapriye anggone asinau basa iku lumantar angeling-eling basa pocapane.
Ing kene, NNBJ anganggo swarawidya basa Mandharin Baku. Dadi, iki kanggo wawaton alumrah. Yen ana panganggo basa Mandharin ing Çungkwo utawa Taywang kang ora anganggo swarawidya baku iku uga bisa kalakon. Swarawidya Baku gunane kanggo anggampangake wae lan supaya ana babaku kanggo sakabeh wong kayata ing pawiyatan.
Aksara Wyañjana
Ing basa Mandharin, ana saperangan aksara wyañjana kang ora maana ing basa Jawa ananging ana ing basa liyane kayata basa Sangsêkrêta utawa basa Arab. Bañjur, basa Mandharin ora ambedakake aksara kayata K vs G ananging saka Mahapranane kayata Kh vs K. Kadhangkala, ana panganggo basa Mandharin kang anganggo Kh vs G. Ananging, Mahaprana iku ora oleh mailang kanggo ambedakake. Ing sakiwa iki bakal katulis aksara Latin gagrag Pinyin, lan ing satêngêne yaiku Caralatin Jawa saka aksara Rekan.
Q = Ch (Mahaprana)
W = W (kajaba Wu)
R = Rh (Ra kaya aksara Tha)
T = T'h (Ta mahaprana)
Y = Y (kajaba Yi lan Yu)
P = Ph (Mahaprana)
S = S
Sh = S. (Sa Puspa, Sya kaya aksara Tha)
D = T
F = F
G = K
H = Kh (kaya ing basa Arab)
J = C
K = Kh (Mahaprana)
L = L
Z = Ts
Zh = Ç (Ca kaya aksara Tha)
X = Ś (aksara Ga gêrêt, kaya Sya)
C = Tsh (Mahaprana)
Ch = Çh (Mahaprana)
B = P
N = N
Ng = Ng
M = M
Aksara Swara
Ing sakiwa iki bakal katulis aksara Latin gagrag Pinyin, lan ing satêngêne yaiku Caralatin Jawa saka aksara Rekan.
A = À
I / Yi = I
U / Wu = U
Ü / Yu = Ü
E = Ë (Eu Sundha, kaya Ê ing gulu)
Ei = Ey
Er = Êr (pêpêt)
O = O
Ong = Ùng
Aksara Swara Pligi
Zi, Ci, Si = Tsrê, Tshrê, Srê / -êr
Zhi, Chi, Shi, Ri = Çṛê, Çhṛê, Sṛê, Ṛê / -êṛ
(Ṣ = Sya kaya aksara Tha)
(Ṛ = Ra kaya aksara Tha)
Glayutswara
Ai = Ay
Ao = Aw
Ya / ia = Yà
Ye / ie = Ye
Yo / io = Yo
Wa / ua = Wà
Wei / ui = Wey
Wen / un = Wên
Wêng = Wêng
Wo / uo = Wo
Ou = Ow
Yan / ian = Yen
Yao / iao = Yaw
Yuan / üan = Ü-wen
Yue / üe = Ü-we
Yong / iong = Yùng
You / iu = Yow
Wai / uai = Wai
Wei / uei = Wey
Basalaras
Basalaras yaiku laras-larasing aksara swara. Amarga ing basa Mandharin iku abeda laras agawe têgês kang abeda, mula bisa diarani yen aksara swara ing basalaras kang abeda iku dianggêp aksara swara kang beda. Basalaras iki kaperang dadi 5 laras kanthi 4 laras kang kawenehan tandha awujud sandhangan laras.
1) Ā / ā (Laras Chao 55)= laras adhuwur
2) Á / á (Laras Chao 35) = laras umunggah utawa atakon (?)
3) Ǎ / ǎ (Laras Chao 214) = laras alênggok
4) À / à (Laras Chao 51) = laras umudhun utawa anyentak (!)
5) A / a = tanpa laras utawa awrata
(Kadhang kala katulis a1, a2, a3, a4, a)
Tuladha anganggo wanda adhasar 'Ma':
1) Mā 媽 = Ibu
2) Má 麻 = Hemp
3) Mǎ 馬 = Jaran
4) Mà 罵 = Anyêneni
5) Ma 嗎 = (Tandha pitakon)
Dadi, aksara swara ā, á, ǎ, à, lan a iku kudu dianggêp saempêr aksara swara kang abeda antaraning siji lan sijine. Padha kaya yen aksara a, i, u, e, o ing basa tanpa laras iku kaanggêp aksara kang abeda lan agawe têgêsing têtêmbungan kang ana dumadi abeda bangêt.
Kaya mangkono Swarawidyaning Basa Mandharin. Yen ana pitakon, sumangga ditakonake ana ing kene utawa ing twittering NNBJ maturnuwun.
Paripustaka lan Pitulung
1) Swarapatra Mp3 kanggo aksara Wyañjana lan aksara Swara. Bisa didudul sabên aksarane (sisih IPA kang awarna biru). Bañjur didudul tulisan Audio Sample:
https://en.m.wikipedia.org/wiki/Help:IPA/Mandarin
2) Mahaprana (-h) têgêse swara kang umantêb lan kaya ana aksara Ha ne. Dadi Kh iku padha karo aksara K diantêbake anganggo aksara Ha sabubare Ka = KHA.
3) Lakucitra kanggo Basalarasing Basa Mandharin ing YT:
https://m.youtube.com/watch?v=SqI3BCMIhJc
4) Lakucitra kanggo Aksara Wyañjana
https://m.youtube.com/watch?v=SqI3BCMIhJc
5) Lakucitra kanggo Aksara Swara
https://m.youtube.com/watch?v=NVAJT-Itj00
6) Lakucitra kanggo Aksara Swara Pligi
https://m.youtube.com/watch?v=dpQ3IMd4AMg
Comments
Post a Comment