Apa Iku Basa Mandharin?

Apa iku basa Mandharin?

Basa Mandharin yaiku basa kang dumadi nagarabasa ing nagara Çungkwo lan Taywan. Basa iki dumadi basa kang aduwe gunggung panganggo kang maakeh ing donya. Basa iki uga dumadi antarabasaning wong Cina ing akeh nagara kajaba basa ibune dhewe-dhewe. Mula, basa Mandharin uga dumadi saharyabasa lan digunakake ing akeh kahanan kayata ing dagang.


Apa bedane karo basa Cina?

Cina iku laladan kang saiki diprentah kanthi aran Çungkwo. Kajaba iku, Cina uga tau kajêmbarake nganti ing nagara kang saiki karanan Taywan. Amarga Cina iku laladan kang wis ana wiwit jaman biyen kanthi paprentahan kang abeda-beda sabên jamane, basa Cina Kuna dumadi akeh basa kang salah sawijine karanan basa Mandharin. Basa liyane iku kayata basa Hogkyen, basa Kwangtung, basa Ngu ing S.anghai, basa Kek, lsp. Dene, kang kapilih dumadi antarabasa lan nagarabasa ing Çungkwo lan Taywan iku basa Mandharin kang wiwitane saka carabasa Mandharin ing kutha Peycing.


Apa ana bedane basa Mandharin ing Çungkwo lan Taywan?

Basa Mandharin ing Çungkwo iku karanan 'Putonghua' 普通話. Dene, kang ana ing Taywan iku karanan 'Guoyu' 國語. Amarga nagara sakloron iki aduwe paprentahane dhewe-dhewe lan kapêgat dening sagara, basa Mandharine sabên nagara iki dumadi rada abeda. Bedane iku bisa kaya pocapaning têmbung, jinising têtêmbungan kang dianggo, lan paramasastra kang alumrah dianggo. Kadhangkala, bedane namung asithik-sithik, kadhang kala katon abeda bangêt. Ananging amarga saharya antaraning nagara sakaloron iki lumayan apik, lumrahe wong Çungkwo lan Taywan bisa padha-padha umudhêng basa Mandharin antaraning siji lan sijine. 


Basa Mandharin apa kang diwulang ing blog iki?

Amarga lumrahe basa Mandharin iku bahan piwulange akeh saka Çungkwo kayata kanggo uden HSK, ing blog iki lumrahe anganggo basa Mandharin gagrag Çungkwo utawa 'Putonghua'. Dadi, yen ana têtêmbungan utawa barang liyane kang katon abeda saka basa Mandharin gagrag Taywan utawa 'Guoyu' iku wis alumrah.


Yen ana pitakon, sumangga ditakonake ana ing kene utawa ing twittering NNBJ. Maturnuwun.

Comments

Popular posts from this blog

Babagan

Swarawidyaning Basa Mandharin