Larassandining Basa Mandharin

Larassandi yaiku owahing basalaras kang ora katulis supaya katon (kaya sandi) ananging lumaku dhewe lan dipocapake ing swara.

Larassandi têgêse basalaras saka wanda mau maowah. Dadi, basalarase kagênti karo basalaras liyane lumantar pranata kang maana. 

Ing basa Mandharin, larassandine namung ashithik. Dadi, bisa kaeling-eling kanthi agampang.


Larassandi kanggo Laras kaping 3

Pranatane yaiku:
Yen ana rong wanda anganggo basalaras kaping 3, wanda kapisan (sadurunge) kudu maowah dumadi laras kaping 2.

Tuladha:
1) lǎoshǔ 老鼠 (Tikus) = kawaca láoshǔ
2) bǎoguǎn hǎo 保管好 (Angrumati apik-apik) = kawaca báoguán hǎo   
3) lǎo bǎoguǎn 老保管  (Angrumati kanthi tênanan) = kawaca lǎo báoguǎn 


Larassandi Liyane

A. Kanggo cihnaksara  :

1) Cihnaksara 不 kudu kawaca anganggo basalaras kaping 2 nalika andhisiki wanda kang anganggo laras kaping 4.
Tulada: 
不是 +shì = kawaca búshì

2) Ing kahanan liyane, cihnaksara kawaca anganggo laras kaping 4 kaya lumrahe.

3) Nalika katulis 不...不, bisa kawaca tanpa laras.
Tuladha:
是不是 shì++shì  = kawaca shìbushì

B. Kanggo cihnaksara  :

1) Cihnaksara 一 kawaca anganggo basalaras 2, nalika andhisiki wanda kang anganggo basalaras 4.
Tuladha:
一定 yī+dìng, (kudu) = kawaca cyídìng

2) Cihnaksara kawaca anganggo basalararas 4, nalika andhisiki wanda kang anganggo basalaras 1, 2, lan 3.
Tuladha:
一天 +tiān (sadina) = kawaca yìtiān
一年 +nián (sataun) = kawaca yìnián
一起 +qǐ (babarêngan) = kawaca yìqǐ

3) Cihnaksara 一 kawaca anganggo basalaras 1 kaya lumrahe nalika dumadi pungkasaning têtêmbungan kang wandane adawa.

4) Cihnaksara 一 kawaca anganggo balaras 1 nalika andhisiki angka liyane (têtêmbungan angka).

5) Cihnaksara 一 kawaca anganggo basalaras 1 nalika awujud angka urutan (kaping siji, lsp.).

6) Yen katulis kanthi cara ...一..., bakal kawaca tanpa laras.
Tuladha:
看一看 kàn+yī+kàn (anyawangi, amriksa) = kawaca kànyikàn 

Yen ana pitakon, sumangga ditakonake ana ing kene utawa ing twittering NNBJ. Maturnuwun.

Comments

Popular posts from this blog

Babagan

Swarawidyaning Basa Mandharin

Apa Iku Basa Mandharin?